You need to enable javaScript to run this app.

Sejarah Adeging SMP Negeri 4 Wates

 

            SMP Negeri 4 Wates madeg  9 taun sasampunipun kamardikan Negari Indonesia. Madeg kanthi nama Sekolah Menengah Ekonomi Pertama Negeri Wates lan salajengipun kawentar kanthi nama SMEP Negeri Wates.

            SMEP Negeri Wates madeg kanthi Surat Keputusan Menteri Pendidikan dan Kebudayaan RI nomer 4224/B/III, tanggal 13 Agustus 1954. SMEP Negeri Wates minangka salah satunggaling pawiyatan Kejuruan Tingkat Pertama, ingkang nggulawenthah para siswa ing kawegigan bab Tata Buku utawi Pembukuan Sederhana.  Ing salebeting pamulangan, SMEP Negeri Wates, asok kawruh lan seserepan dhumateng para siswanipun bab etung kangge sanguning dagang, ngetik sawernaning Surat Dinas Perkantoran kanthi ngginakaken  mesin ketik cethog utawi tradhisional, awit ing wekdal semanten dereng wonten komputer utawi laptop.

            Lelampahanipun pasinaon wonten ing SMEP, kanyata wonten pepalangipun. Lulusan SMEP kala semanten rekaos anggenipun  badhe nglajengaken sinau ing pawiyatan ingkang lakung inggil tinimbang lulusan ingkang saking Sekolah Umum utawi SMP. Lulusan saking SMEP namung saged nglajenganken sekolah wonten Sekolah Menengah Ekonomi Atas utawi SMEA, boten pareng nglajengaken wonten SMA, SPG, utawi STM.  

            Awit saking menika,  Kementrian Pendidikan dan Kebudayaan RI, salajengipun paring dhawuh kangge Sekolah Kejuruan Tingkat Pertama wonten ing saindenging wewengkon Indonesia kangge gantos nama Sekolah Menengah Pertama. Kanthi adhedhasar Surat Keputusan Menteri Pendidikan dan Kebudayaan RI  nomer 030/4/1979 tanggal 17 Februari 1979, SMEP Negeri Wates gantos nama SMP Negeri 3 Wates.

            Salajengipun ing taun 1997 pamarintah ngedalaken Surat Keputusan Menteri Pendidikan dan Kebudayaan kanthi nomer 034/0/1997 ingkang isinipun bilih sekolah-sekolah ing sadaya kukuban Indonesia, badhe dipuntata per kecamatan adedhasar urutan umuripun sekolah. Kanthi Surat Keputusan ing taun 1997  kala wau, SMP Negeri 3 Wates dipungantos kanthi nama SMP Negeri 4 Wates ngantos dumugi wekdal samenika.

            Mekaten sejarah adeging SMP Negeri 4 Wates. Asung pandonga syukur tan kendhat kedah kita aturaken wonten ngarsanipun Gusti Allah  Ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun ngluberaken sih kanugrahanipun saengga ngantos wekdal menika kita kulawarga ageng SMP Negeri 4 Wates tansah pinayungan kasarasan, karaharjan, saha kabagyan tinebihna ing sambekala.

            Lan sumangga ing dinten tanggap warsa SMP Negeri 4 Wates menika, kita tuwuhaken greget ingkang makantar-kantar kangge nyengkuyung ingkang dados panjangkanipun SMP Negeri 4 Wates, inggih menika nglantaraken para siswa anggenipun ngangsu kawruh kangge nggayuh gegayuhanipun kinanthen atur lan patrap ingkang kebak ing unggah-ungguh.

Matur nuwun.

 

SMP Negeri 4 Wates,tatag......, tangguh........tanggon........mbengkas saliring kewuh.

Bagikan artikel ini:

Beri Komentar

Sambutan

- Kepala Sekolah -

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh Alhamdulillah, puji syukur kami panjatkan kepada Allah subhanahu wa ta’ala yang telah melimpahkan kesehatan, kesempatan, rahmat, dan…

Berlangganan
Banner